Kumpulan Contoh Puisi Bahasa Jawa

bahasa jawa, pantun jowo, cerpen dalam bahasa jawa, pantun sms lebaran, contoh pantun bahasa jawa, pantun jawa, parikan jawa, pantun lucu, pantun teka teki
Angsluping baswara anggawa duka
Tumlusup ing ati tanpa kena diwaleri
Sansaya wengi
Nglenggana sansaya ndadi
Sepi
Sepining diri

Duh, wong bagus
Ngertiya nglenggananing jiwa
Kelangan rasa mecaki dina-dina
Tanpa ngerti,
Ngendi teba ngendi wewangenan

Aku isih kelingan
Nalikane ing plataran
Nyawang rembulan bebarengan
Nitiki wengi ngitungi lumintang
Sumebyar padhang ing lelangitan

Aku ngerti
Aku uga mung tansah nglakoni
Garising pepesthen kang wus dumadi
Amung siji tan dadi sesanti
Ugeming janji dak anti-anti
(lan sliramu mesthi ngerti, ora gelem ngerti)
Dudu nggresula dudu donga
Aku amung kepingin ngerti:
Kowe saiki ana ngendi?

Komentar